Sony Xperia Z5 Compact - Nganyari piranti

background image

Nganyari piranti

Sampeyan kudu nganyari piranti lunak ing piranti supaya entuk fungsi paling anyar,

dandan lan bug mbecike supaya njamin kinerja sing optimal. Nalika kasedhiya anyaran

piranti lunak, katon ing garis status. Sampeyan uga bisa mriksa panganyaran kanthi

manual, utawa njadwalake anyaran.
Cara paling gampang kanggo nginstal anyaran piranti lunak kanggo nindakake nirkabel

saka piranti. Sawetara anyaran ora kasedhiya kanggo diundhuh kanthi nirkabel.

Sampeyan kudu nggunakake piranti lunak Xperia™ Companion ing PC utawa komputer
Apple

®

Mac

®

kanggo nganyari piranti.

Sadurunge nganyari piranti, penggalih ing ngisor iki:

Pesthekake yen kapasitas simpenan cukup sadurunge nyoba nganyari.

Yen nggunakake piranti mawa pangguna akeh, sampeyan kudu mlebu minangka pamilik,

yaiku pangguna primer, kanggo nganyari piranti.

Anyaran sistem lan aplikasi bisa nyedhiyakake fitur ing piranti karo cara liyane sing ora

dijelasake ing Pandhuan pangguna iki. Versi Android™ uga bisa ora kepengaruh sawise

panganyaran.
Kanggo informasi luwih pepak babagan panganyaran piranti lunak, bukak

www.sonymobile.com/update/

.

Mriksa piranti lunak anyar

1

Yen nggunakake piranti karo akeh pangguna, pesthekake sampeyan mlebu

minangka pamilik.

2

Saka

Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Babagan telpon > Nganyari piranti lunak.

Yen ora ana piranti lunak sadhiya, mbokmenawa memori bebas ing piranti ora cukup. Yen

memori internal bebas sing sadhiya ing piranti Xperia™ kurang saka 500 MB, sampeyan ora

nampa informasi bab piranti lunak anyar. Ing kahanan iki, sampeyan nampa pepenget ing

panel Kabar: "Panggon simpenan meh entek. Sawetara fungsi sistem uga bisa ora fungsi."

Yen nampa kabar iki, sampeyan kudu mbebasake memori internal supaya bisa entuk kabar

babagan kasadhiyan piranti anyar.

Nganyarake piranti kanthi nirkabel

Gunakake aplikasi Anyaran piranti lunak kanggo nganyari piranti lunak ing piranti kanthi

nirkabel. Anyaran sing bisa diundhuh liwat jaringan seluler gumantung operator.

Disaranake nggunakake jaringan Wi-Fi tinimbang jaringan seluler kanggo ngundhuh

piranti lunak anyar supaya sampeyan bisa nyingkiri beaya kiriman data.

42

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngundhuh lan nginstal sistem anyar

1

Yen ngandum piranti karo akeh pangguna, pesthekake sampeyan mlebu

minangka pamilik.

2

Saka

Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Babagan telpon > Nganyari piranti lunak.

4

Yen ana panganyaran sistem kasedhiya, tutul

Undhuh kanggo ngundhuh

panganyaran menyang piranti.

5

Yen undhuhan wis rampung, tutul

Terus, lan tututi patunjuk ing layar kanggo

ngrampungake instalasi.

Sampeyan bisa ngatur jadwal wayah nganyari telpon sawise nutul

Terus.

Nyetel wiwitan instalasi otomatis

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Babagan telpon > Nganyari piranti lunak.

3

Penet , banjur tutul

Setelan lan pilih salah siji.

Nganyari piranti nggunakake komputer

1

Nganggo kabel USB, sambungake piranti nyang komputer.

2

Pesthekake yen layar piranti ora kekunci, lan yen mode sambungan USB ing

piranti disetel menyang

Pamindhahan file.

3

Bukak Xperia™ Companion, yen ora otomatis diluncurake.

4

Pesthekake yen komputer bisa ngakses internet.

5

Komputer: Yen kadeteksi ana piranti lunak anyar, bakal muncul jendhela sembul.

Tututi patunjuk ing layar kanggo nganyari piranti lunak sing cocog.

Yen ora duwe piranti lunak Xperia™ Companion sing diinstal ing komputer sing cocog,

sambungake piranti menyang komputer lan tututi patunjuk ing layar. Pesthekake yen wis

nggunakake kabel USB sing disiyapake karo piranti lan wis nyambung menyang piranti lan

komputer kanthi bener.