Sony Xperia Z5 Compact - Setelan kamera foto

background image

Setelan kamera foto

Ngatur setelan kamera foto

1

Aktifake kamera.

2

Kanggo nuduhake kabeh setelan, tutul .

3

Pilih setelan sing pengin disetel, banjur owahi kaya sing dipengini.

Ringkesan setelan kamera potret

Resolusi

Pilih salah sijining resolusi lan rasio aspek sadurunge motret. Foto sing resolusine luwih

dhuwur mbutuhake memori luwih gedhe.

23MP

109

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

5520×4140(4:3)

Resolusi 23 megapiksel lan rasio aspek 4:3. Cocog kanggo foto sing arep dideleng ing layar non-widescreen

utawa dicithak nganggo resolusi dhuwur.

20MP

5984×3366(16:9)

Resolusi 20 megapiksel lan rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing arep dideleng ing layar widescreen.

8MP

3264×2448(4:3)

Resolusi 8 megapiksel lan rasio aspek 4:3. Cocog kanggo foto sing arep dideleng ing layar non-widescreen

utawa dicithak nganggo resolusi dhuwur.

8MP

3840×2160(16:9)

Resolusi 8 megapiksel lan rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing arep dideleng ing layar widescreen.

3MP

2048×1536(4:3)

Resolusi 3 megapiksel lan rasio aspek 4:3. Cocog kanggo foto sing arep dideleng ing layar non-widescreen

utawa dicithak nganggo resolusi dhuwur.

2MP

1920×1080(16:9)

Resolusi 2 megapiksel lan rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing arep dideleng ing layar widescreen.

Timer foto

Nganggo timer foto, sampeyan bisa motret tanpa nyekeli piranti. Gunakake fungsi iki

kanggo njupuk potret dhewe utawa foto gugus supaya kabeh bisa dipotret. Sampeyan

uga bisa nggunakake timer foto supaya kamera ora goyang nalika motret.

10 det.

Setel wektu tundha 10 detik nalika motret wiwit nutul tombol rana utawa menet tombol kamera.

3 det.

Setel wektu tundha 3 detik nalika motret wiwit nutul tombol rana utawa menet tombol kamera.

Mati

Foto dijepret sanalika sampeyan nutul tombol rana utawa menet tombol kamera.

Efek Kulit Alus

Sampeyan bisa nguripake

Efek kulit mulus ing piranti kanggo nggawe werna kulit luwih

alus sithik nalika njepret selfie ing mode jepretan

Manual lan Super otomatis.

Palacakan objek

Nalika sampeyan milih objek kanthi nutul ing jendhela bidik, kamera bakal nglacak.

HDR

Gunakake setelan HDR (High Dynamic Range) kanggo njupuk potret ing cahya mburi

sing kepadhangen ing kahanan sing kontrase banget. HDR menehi kompensasi kanggo

rincian sing ilang lan nggawe gambar sing apik ing panggonan sing peteng utawa

padhang.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

ISO

Sampeyan bisa nyuda bruwete gambar sing disebabake kahanan peteng utawa obyek

sing obah kanthi nambah sensitivitas ISO. Kajaba iku, yen arep njupuk gambar terang ing

kahanan peteng, sampeyan bisa nyetel sensitivitas ISO menyang nilai luwih dhuwur.

Otomatis

Setel sensitivitas ISO dadi otomatis.

50

Setel sensitivitas ISO dadi 50.

110

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

100

Setel sensitivitas ISO dadi 100.

200

Setel sensitivitas ISO dadi 200.

400

Setel sensitivitas ISO dadi 400.

800

Setel sensitivitas ISO dadi 800.

1600

Setel sensitivitas ISO dadi 1600.

3200

Setel sensitivitas ISO dadi 3200.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Pangukuran

Fungsi iki kanthi otomatis nemtokake cahya sing imbang kanthi ngukur jumlah cahya

kanggo gambar sing pengin dijupuk.

Rupa

Ngukur jumlah cahya ing pasuryan, lan ngatur cahya supaya pasuryan sing ora peteng utawa padhang

banget.

Multi

Mbagi gambar menyang sawetara wilayah, lan ngukur saben wilayah kanggo nemtokake cahya sing imbang.

Pusat

Ngukur tengah gambar, lan nemtokake cahya adhedhasar padhange subyek ing kana.

Spot

Ngatur cahya ing bageyan cilik saka gambar sing pengin dijupuk.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Lampu kilat

Gunakake lampu kilat kanggo motret nalika kahanan cahya surem utawa yen ana cahya

saka mburi. Opsi ing ngisor iki kasedhiya nalika sampeyan nutul lambang lampu kilat

ing layar kamera:

Otomatis

Kamera otomatis nemtokake manawa kahanan cahya mbutuhake panggunaan lampu kilat.

Lampu kilat pangisi

Gunakake setelan iki yen latar mburi luwih padhang tinimbang subyek. Setelan iki ngilangi bayangan

peteng sing ora dipengini.

Nyuda mripat abang

Nyuda werna abang ing mata nalika motret.

Mati

Lampu kilat dipateni. Kala-kala, kwalitas foto malah luwih apik tanpa lampu kilat, sanajan ing kahanan

cahya surem. Njupuk foto sing apik tanpa nggunakake lampu kilat mbutuhake tangan sing anteng.

Gunakake fitur atur wektu kanggo nyegah foto burem.

Lampu

Lampu kilat murup terus-terusan nalika motret.

Pamilihan gambar

Gunakake fitur Pamilihan gambar supaya bisa cepet nyetel kamera kanggo kahanan

umum nggunakake gambar sing wis diprogram dhisik. Kamera wis nemtokake maneka

setelan sing bisa dipasake kanggo gambar sing wis dipilih, supaya foto bisa paling apik.

Mati

111

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Fitur Pamilihan gambar mati lan sampeyan bisa motret kanthi manual.

Kulit mulus

Motret nganggo efek ayu canggih.

Potret alus

Gunakake kanggo motret sing latar mburine lembut.

Anti bureng obah

Gunakake kanggo minimalake kamera obah nalika motret ing gambar sing rada surem.

Bawana

Gunakake kanggo foto sesawangan. Kamera fokus ing obyek sing adoh.

HDR koreksi cahya latar

Gunakake kanggo ngapiki jepretan sing kontras banget. Koreksi cahya latar sing wis diprogram

nganalisa gambar lan otomatis ngatur gambar supaya cahyane sampurna.

Potret bengi

Gunakake kanggo foto ngadeg sing dijupuk ing wayah bengi utawa ing kahanan sing surem. Amarga

suwene wektu cahya, kamera kudu dicekeli kanthi anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Gambar bengi

Gunakake nalika motret ing wayah bengi utawa ing kahanan sing surem. Amarga suwene wektu

cahya, kamera kudu dicekeli kanthi anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Wengi sanggan

Gunakake kanggo motret cekel-tangan cahya-surem kanthi panyuda noise lan burem.

Sensitivitas dhuwur

Gunakake kanggo motret tanpa lampu kilat ing kahanan cahya surem. Ngurangi burem.

Panganan

Gunakake kanggo motret tatanan pangan sing wernane terang.

Kewan ingon

Gunakake kanggo motret ingon-ingon. Ngurangi burem lan mripat abang.

Pantai

Gunakake kanggo motret foto ing pinggir segara utawa tlaga.

Salju

Gunakake ing kahanan padhang supaya foto ora kepadhangen.

Pesta

Gunakake kanggo motret ing njero kamar ing kahanan kurang cahya. Sesawangan iki njupuk cahya

latar mburi njero kamar utawa cahya lilin. Amarga suwene wektu cahya, kamera kudu dicekeli kanthi

anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Olahraga

Gunakake kanggo motret obyek sing obahe cepet. Wektu cahya sing cepet minimalake burem

amarga obah.

Dokumen

Gunakake kanggo foto teks utawa gambar. Nambahi kontras foto sing luwih jelas.

Kembang api

Gunakake kanggo motret werna-wernining cahya kembang api.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode motret

Manual.